Jumat, 09 Juni 2017

LEKONG (Lemper Singkong)

Nama Anggota Kelompok 4 :
1.    Farah Kamila
2.    Muhammad Qowim Mudin
3.    Rila Vikri Andriani
4.    Tinesia Elsa Pertiwi
5.    Wahyu Agung Wisnu Graham
6.    Wahyu Kartikasari

LEKONG (Lemper Singkong)


            Lemper singkong utawi lemet yoiku jajanan khas jawa tengah sing digawe saka pohung (singkong) lan diparingi kelopo parut ing inggile. Rasane lemet yoiku manis lan gurih. Lemet nduweni tekstur ingkang lembut menawi di maem rasane kengel ing tutuk. Warna asline lemet yoiku ciklat amarki saking warna gula jawa.


            Langsung mawon kita tingali cara nggwe lemet :
1.      Kupas kulit pohung lan kumbah nganti resik
2.      Parus pohung mau ing wadah baskom
3.      Iris gula jawa nganti alus
4.      Yen mpun diparut, lebetke vanili, gula abanf alus, uyah, lan gula pasir yen pingin rasane luwih manis.
5.      Uleni bahan – bahan mau dadi siji supaya nyampur
6.      Bungkus adonan mau dibentuk lonjong nganggo godhong gedhang lan di tusuk nganggo biting utawi lidi.
7.      Siapke panic utawi dandang sin kanggo gawe ngukus
8.      Deleh panci / dandhang ing nduwur kompor ngenteni banyune mateng
9.      Yen banyune wis mateng, lebetke bungkusan mau ing njero dandhang/ panic
10.  Dinteni nganti 20 menit
11.  Yen wis mateng , lemet dituske ing cething sego supaya banyune kurang lan adem
12.  Yen wis adem, bukak bungkus lemet lan gulingke ing klopo parutan
13.  Sajike ing pirin.







Ayo kita sedaya lestarike panganann lan jajan tradisional kang dadi khas Indonesia.

Kamis, 11 Mei 2017




 APEM



Apem iku jajanan tradisional Pekalongan khususe daerah Kesesi. Apem iku bentuke bunder warnane coklat kaya gula jawa. Apem biasane dialasi godhong gedhang . Rasane pas dicokot manis nanging pas ditelen ana kecut-kecute. Mambune khas banget. Apem iku bentuke bunder. Nek didelok sekilas katone tipis nanging tengahe kandel ora koyo pinggire sing tipis. Teksture legit. Apem biasane disuguhke kanggo acara penting tapi bisa uga dipangan kanggo jajanan biasa. Jajanan iki bisa ditemukake ning pasar utawa ning wong sing biasa nggawe
 
Apem iku uga bisa digawe dhewe nang umah. Apem iku gampang gawene. Bisa digawe dhewe neng umah lan bahane gampang ditemukake. Misale dhewe arep gawe apem bahan sing disiapake yaiku banyu,beras, lan gula jawa. Alate yaiku baskom, alat gilingan,cetakan, lan godhong gedhang. Pertamane, dhewe ngrendem beras 2 mbengi bar iku digiling lan digawe tepung. Sing keloro, tepung beras, banyu, lan gula dicampurke terus diaduk rata ben dadi adonan. Sakwise, adonan dicetak kaya bentuke ning godhong gedhang banjur dikukus 15 menit.


Digawe nang : 
1. Alif Abdul Rofiq 
2. M. Fajar Iswanto
3. Alvia Intan Nurani 
4. Nasza Rizky F.A
5. Roikhatul Jannah
6. Tarizza Trisnani H

 

Kamis, 04 Mei 2017

" CENIL" Jajanan Tradisional Jawa Tengah

Jajanan Tradisional Cenil

X MIPA 1, SMAN 1 Kajen
Anggota               :    Cantika Karenina Amanda
                                  Devanty Yuliana
                                  Dhani Widya Kusuma
                                  Rizqiana Tri Wulandari
                                  Rora Artanti
                                  Wahyu Arif Pratama.


    Cenil iki salah sawijine jajanan tradisional saka tlatah jawa tengah. Cenil digawe saka pati pohong. Jajanan iki nduweni ciri kang unik, yaiku teksture kenyel, legi, gurih lan warnane narik perhatian amarga warna warni. Cenil biasae disajikke karo parutan klopo lan gula abang cair utawa gula pasir.
Gawe generasi 90-an, jajanan pasar cenil ora asing ning kuping. Sebabe jajanan iki isih gampang ditemukake ingkabeh pasar tradisional utawa ing sakitaran umah. Naning ing generasi saiki angel anggone nggoleki jajanan iki, sebabe wis digantikake jajanan modern lan wis mulai jarang sing nggawe.

    Saiki, jajanan pasar wis ora disenengi koyo mbiyen maneh. Padahal jajanan iki sehat, ora mbahayani awak lan regone murah kisaran 500 perak per bungkuse.
Kanca kanca nek pingin ngrasani cenil tapi angel nggolekine, kula arep maringi resep lan cara nggawene cenil.

    Bahan kang dibutuhake yaiku klopo parut, pati pohong, banyu putih, uyah, pewarna panganan, godhong pandan, gula abang cair lan gula pasir.

    Cara nggawene yaiku pertama, pati dicampur karo banyu, uyah, lan gula pasir terus diuleni nganti kalis. Nek wis kalis dibentuk cilik-cilik terus dicemplungke nang banyu sing wis umeb. Dinteni nganti mumbul, nek wis mumbul dintas terus dirisake sampi ora ono banyune. nek arep dipangan cenil iki dicsmpur karo klopo parut lan gula abang cair.


Cenil iki gampang to nggawene.....?!

Ayo kanca-kanca pada mangan cenil, ben jajanan tradisional jawa ora ilang kurugan jaman.....!!!


Matur nuwun kangge Bapak Sifaudin S.Pd








OXYGEN SCINEMA

LEKONG (Lemper Singkong)

Nama Anggota Kelompok 4 : 1.     Farah Kamila 2.     Muhammad Qowim Mudin 3.     Rila Vikri Andriani 4.     Tinesia Elsa Pertiwi ...