Kamis, 04 Mei 2017

" CENIL" Jajanan Tradisional Jawa Tengah

Jajanan Tradisional Cenil

X MIPA 1, SMAN 1 Kajen
Anggota               :    Cantika Karenina Amanda
                                  Devanty Yuliana
                                  Dhani Widya Kusuma
                                  Rizqiana Tri Wulandari
                                  Rora Artanti
                                  Wahyu Arif Pratama.


    Cenil iki salah sawijine jajanan tradisional saka tlatah jawa tengah. Cenil digawe saka pati pohong. Jajanan iki nduweni ciri kang unik, yaiku teksture kenyel, legi, gurih lan warnane narik perhatian amarga warna warni. Cenil biasae disajikke karo parutan klopo lan gula abang cair utawa gula pasir.
Gawe generasi 90-an, jajanan pasar cenil ora asing ning kuping. Sebabe jajanan iki isih gampang ditemukake ingkabeh pasar tradisional utawa ing sakitaran umah. Naning ing generasi saiki angel anggone nggoleki jajanan iki, sebabe wis digantikake jajanan modern lan wis mulai jarang sing nggawe.

    Saiki, jajanan pasar wis ora disenengi koyo mbiyen maneh. Padahal jajanan iki sehat, ora mbahayani awak lan regone murah kisaran 500 perak per bungkuse.
Kanca kanca nek pingin ngrasani cenil tapi angel nggolekine, kula arep maringi resep lan cara nggawene cenil.

    Bahan kang dibutuhake yaiku klopo parut, pati pohong, banyu putih, uyah, pewarna panganan, godhong pandan, gula abang cair lan gula pasir.

    Cara nggawene yaiku pertama, pati dicampur karo banyu, uyah, lan gula pasir terus diuleni nganti kalis. Nek wis kalis dibentuk cilik-cilik terus dicemplungke nang banyu sing wis umeb. Dinteni nganti mumbul, nek wis mumbul dintas terus dirisake sampi ora ono banyune. nek arep dipangan cenil iki dicsmpur karo klopo parut lan gula abang cair.


Cenil iki gampang to nggawene.....?!

Ayo kanca-kanca pada mangan cenil, ben jajanan tradisional jawa ora ilang kurugan jaman.....!!!


Matur nuwun kangge Bapak Sifaudin S.Pd








OXYGEN SCINEMA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LEKONG (Lemper Singkong)

Nama Anggota Kelompok 4 : 1.     Farah Kamila 2.     Muhammad Qowim Mudin 3.     Rila Vikri Andriani 4.     Tinesia Elsa Pertiwi ...