Kamis, 11 Mei 2017




 APEM



Apem iku jajanan tradisional Pekalongan khususe daerah Kesesi. Apem iku bentuke bunder warnane coklat kaya gula jawa. Apem biasane dialasi godhong gedhang . Rasane pas dicokot manis nanging pas ditelen ana kecut-kecute. Mambune khas banget. Apem iku bentuke bunder. Nek didelok sekilas katone tipis nanging tengahe kandel ora koyo pinggire sing tipis. Teksture legit. Apem biasane disuguhke kanggo acara penting tapi bisa uga dipangan kanggo jajanan biasa. Jajanan iki bisa ditemukake ning pasar utawa ning wong sing biasa nggawe
 
Apem iku uga bisa digawe dhewe nang umah. Apem iku gampang gawene. Bisa digawe dhewe neng umah lan bahane gampang ditemukake. Misale dhewe arep gawe apem bahan sing disiapake yaiku banyu,beras, lan gula jawa. Alate yaiku baskom, alat gilingan,cetakan, lan godhong gedhang. Pertamane, dhewe ngrendem beras 2 mbengi bar iku digiling lan digawe tepung. Sing keloro, tepung beras, banyu, lan gula dicampurke terus diaduk rata ben dadi adonan. Sakwise, adonan dicetak kaya bentuke ning godhong gedhang banjur dikukus 15 menit.


Digawe nang : 
1. Alif Abdul Rofiq 
2. M. Fajar Iswanto
3. Alvia Intan Nurani 
4. Nasza Rizky F.A
5. Roikhatul Jannah
6. Tarizza Trisnani H

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LEKONG (Lemper Singkong)

Nama Anggota Kelompok 4 : 1.     Farah Kamila 2.     Muhammad Qowim Mudin 3.     Rila Vikri Andriani 4.     Tinesia Elsa Pertiwi ...