APEM
Apem iku jajanan tradisional Pekalongan khususe daerah
Kesesi. Apem iku bentuke bunder warnane coklat kaya gula jawa. Apem biasane
dialasi godhong gedhang . Rasane pas dicokot manis nanging pas ditelen ana
kecut-kecute. Mambune khas banget. Apem iku bentuke bunder. Nek didelok sekilas
katone tipis nanging tengahe kandel ora koyo pinggire sing tipis. Teksture
legit. Apem biasane disuguhke kanggo acara penting tapi bisa uga dipangan
kanggo jajanan biasa. Jajanan iki bisa ditemukake ning pasar utawa ning wong sing
biasa nggawe
Apem iku uga bisa digawe dhewe nang umah. Apem iku gampang
gawene. Bisa digawe dhewe neng umah lan bahane gampang ditemukake. Misale dhewe
arep gawe apem bahan sing disiapake yaiku banyu,beras, lan gula jawa. Alate
yaiku baskom, alat gilingan,cetakan, lan godhong gedhang. Pertamane, dhewe
ngrendem beras 2 mbengi bar iku digiling lan digawe tepung. Sing keloro, tepung
beras, banyu, lan gula dicampurke terus diaduk rata ben dadi adonan. Sakwise,
adonan dicetak kaya bentuke ning godhong gedhang banjur dikukus 15 menit.
Digawe nang :
1. Alif Abdul Rofiq
2. M. Fajar Iswanto
3. Alvia Intan Nurani
4. Nasza Rizky F.A
5. Roikhatul Jannah
6. Tarizza Trisnani H





